Sabtu, 05 Mei 2012

hebatnya bahasa jawa



Taun 2001 ndek mbien inyong lagi wae kenal sing jenengane komputer, kolo semono isih SMP lan komputer isih nganggo boso inggris, inyong kaget rikolo semono ono komputer sing cara nglakokkene nganggo boso Indonesia. Trus inyong nduwe cita – cita suk nek wis gede nggawe barang elektronik kabeh nanggo boso jowo men mudeng olehe nganggo




Bareng uwis kuliah mulia ngerti sing jenengane frienster karo facebook opo meneh tweeter. Sawijining dino inyong dolan menggone konco, eh inyong kaget pas ndelok koncone inyong facebook-an tapi macane basa jawa. Inyong dadi masang nang facebook inyong



Nembe wae inyong kaget, pas ngenet inyong nemu web duweke wiki pedia ono artikel boso jowo. Jan inyong nggomon ra karuan. Wong londo wis nggawe web boso jowo. Mbasan tak telusuri jebul uis ono rikolo taun 2004. Padahal pas taun semono inyong lagi ngerti microsoft word karo excel tok. Excel wae ra mudeng carane nambah karo ngurang ongko



Sok emben paling arep ono situs utowo program liane sing nganggo boso jowo utowo boso dareah liane. Dadi tiap daerah nang dunia kie ra perlu bingung opo meneh sing ra iso boso inggris. Mestine soyo sui soyo nggampangke menungso nggo ngoprasekke barang elektronik. Yo ra dab....

0 komentar:

Posting Komentar